Rabu, 15 Juli 2015

Khutbah Iedul Fitri 1436 H di Gondosuli Muntilan

Ringkesan Khutbah Idul Fitri ing Gondosuli Muntilan, Jumat Pahing, 1 Syawal 1436 / 17 Juli 2015
Pilih Ibadah Unggulan
Alhamdulillah, menika dinten bakda, 1 Syawal 1436 H. Saestu kebak raos syukur, bingah lan bombong. Dinten istimewa. Kita raosaken saestu sedaya dados sae, pas lan agung. Persasat mboten wonten tiyang susah. Sedaya anem-sepuh ageng-alit ngraosaken seneng-bahagia lan ikhtiar saged nyenengaken tiyang sanes kanthi: wajah-pasuryan cerah, pakaian endah-endah, suguhan kathah-kathah, gampil sedekah. Gampil aruh-aruh, ical raos gengsi. Excellent Service. Puncak sehari dalam setahun. Alhamdulillah sampun nutug anggen kita nglampahi kewajiban siyam Ramadhan lengkap kanthi amal-sunnahipun: tarawih, tadarus, i’tikaf, sedekah, zakat fitrah. Kantun kita ngajeng-ngajeng piwalesipun langsung saking Gusti Allah kados suraosipun Hadits Qudsi riwayat Imam Bukhari, Muslim, Nasa’i lan Ibnu Hibban saking Abu Hurairah RA. Mugi-mugi siyam kita dipun tampi dening Allah lan kita dados ewonipun tiyang-insan takwa. Amin. Iman-takwa mugi saestu kuat-kiat-nunjem ing manah kangge nerasaken tugas-gesang kita ing alam donya sak punika dalah sak lajengipun.
Jamaah rahimakumullah. Wulan Ramadhan wingi sampun kita isi riyadhah batiniah, latihan jiwa-spiritual-mental. Kados-kados sampun kemput anggen kita ikhtiar nyampurnaaken amalan wajib lan sunnahipun. Bismillah, fikih-aturan siyam menika sarwa fisik ananging tujuan siyam saestu nonfisik: takwa. Siyam kados mesin proses saking Allah, bahan dasaripun insan-beriman kanthi hasil insan-bertakwa. Prosesipun mawi siyam, tarawih, i’tikaf, ugi olah-batin, riyadhah supados mugi-mugi dumugi ing takwa. Amin. Menawi Ramadhan dados wulan latihan, lajeng kapan ujianipun? Mulai Syawal punika ngantos wulan Sya’ban tahun ngajeng. Mila, proses lan amal kebiasaan sae ing Ramadhan wingi sampun ngantos mandheg, rampung, supe, bubar. Telas Ramadhan kok telas riyadhah; ilang ampetane, punapa malih mandar dados risak, proses ingkang mundur, ibaratipun uler ingkang ngenthung dangu kok hasilipun sanes kupu ananging tetep uler ingkang ageng lan nggilani, punapa mawon dipun tedha. Na’uzubillah. Ing QS an-Nahl [16]: 92 Gusti Allah paring pangandikan, pepenget:
Ÿwur (#qçRqä3s? ÓÉL©9$%x. ôMŸÒs)tR $ygs9÷xî .`ÏB Ï÷èt/ >o§qè% $ZW»x6Rr&
Lan aja nganti sira kabeh kaya dene sawijine wong wadon kang ngudhari tenunane sawise tenunan mau dadi sarana kukuh banjur dadi udhar kocar-kacir maneh; (QS an-Nahl [16]: 92)
                Mila mangga kita terasaken ibadah kita ing Syawal punika. Sak mbotenipun kita gadhah ibadah unggulan, siji. Badhe awujud siyam sunnah? Ibadah tahajud? Ibadah infak terus-menerus? Badhe ngapalaken Quran? Ibadah ingkang tanpa kendhat kita amalaken sinaosa namung alit ananging berkesinambungan teras; mandar sae tanpa dingerteni tiyang sanes. Artosipun nalika sanesipun sami sare, kita ibadah munajat. Nalika sanesipun sami dhahar, kita siyam sunnah. Sanesipun sami istirahat, kita teras ngapalaken. Cekap pilih setunggal jenis ibadah; sinaosa saged sedaya ananging temtu awrat. Ibadah unggulan pilihan wau dados andalan amal kita, ingkang mbentenaken kita saking tiyang sanes. Pembeda. Ibadah bedinan tanpa mondhag-mandheg: Siyam Senin-Kemis, tahajud, hifzul-Quran, ZIS, zikir, lan sanesipun ingkang ikhlas lillahi ta’ala. Bismilah, sumangga kita pilih gumantung kekiyatan kita piyambak.
Ing wasana mangga kita laksanani ikhtiar duniawi kanthi maksimal lan tanpa kendhat anggen kita ndonga nyuwun dumateng Gusti Allah, mugi punapa kemawon ingkang kita lampahi tansah pinaringan hidayah lan pikantuk ridhanipun (mardhatillah). Pungkasan, mangga kita nyuwijikaken panuwun, nyenyuwun dateng Zat kang Murbeng Dumadi. Langkung rumiyin kita ngleresaken anggen kita lenggah, nyucekaken manah kanthi memuji Allah ta’ala. Jalaran namung Gusti Allah zat ingkang Maha midhanget, maha mrisani, maha kuwaos, maha welas, maha asih, maha ngabulaken panyuwun kawulanipun, maha ngatur, maha ngupakara sedaya titahipun. Amin. Muhammad Nasirudin, Kauman Muntilan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar