Kamis, 25 Juli 2013

Khutbah Idul Fitri 1434 Hijrah


Khutbah  Idul Fitri  ing Gondosuli, dinten Kamis Wage, 1 Syawal 1434H/8 Agustus 2013 :

Loma, Apikan lan Kendel, Syarat Nggayuh Kamulyan

Alhamdulillah punika dinten bakda, 1 Syawal, saestu tuwuh bombong, bingah lan syukur. Kita raosaken sedaya dados agung-sae jalaran sampun tingkas anggen kita nglampahi kewajiban siyam Ramadhan jangkep kanthi amal sunnahipun: tarawih, tadarus, iktikaf, sedekah, zakat. Lajeng kita ngajeng-ajeng piwalesipun siyam langsung saking Gusti Allah kados suraosipun Hadits Qudsi riwayat Imam Bukhari, Muslim, Nasa’i lan Ibnu Hibban saking Abu Hurairah RA. Mugi-mugi siyam kita dipun tampi Allah lan dados ewonipun tiyang takwa. Amin. Iman-takwa mugi saged kiat-nunjem ing manah kangge modal nerasaken tugas-gesang kita ing alam donya sak punika dalah sak lajengipun.
Sak sampunipun iman-takwa nunjem ing manah lajeng mangga kita ikhtiar supados saged nggayuh kamulyan kanthi perkawis tiga: loma, apikan lan kendel. Tiga sifat sae punika penting dipun wujudaken kanthi ajar lan mbiasakaken loma (giver), ajar mbiasakaken apikan sarta ajarmbiasakaken gesang kendel. Sedaya kanthi ajar+mbiasakaken. Saged ugi  dipun udi kanthi nebihi sifat negatif sak kosok-wangsulipun: medhit, elekan lan jirih. Sebab tiyang medhit punika mandar tebih saking rejeki, tiyang elekan tebih saking raos tentrem manah, lan tiyang jirih saestu tebih saking kathah ngamal ageng lan tebih saking kesaenan. Kathah tuladha palupi saking tokoh-tokoh ing tarikh-sejarah lan ugi saking para tokoh-lokal ing lingkungan kita ingkang ngiyataken-mbuktekaken babagan punika. Tiyang loma, apikan sarta kendel saestu dados mulya gesangipun. Sewalikipun tiyang ingkang medhit, elekan sarta jirih lajeng tebih saking gesang mulya ing donya, punapa malih ing akhirat.
Al-Quran Surah Ali Imran paring tuntunan gesang kagem kita tiyang ingkang pitados:
tûïÏ%©!$# tbqà)ÏÿZムÎû Ïä!#§Žœ£9$# Ïä!#§ŽœØ9$#ur tûüÏJÏà»x6ø9$#ur xáøtóø9$# tûüÏù$yèø9$#ur Ç`tã Ĩ$¨Y9$# 3 ª!$#ur =Ïtä šúüÏZÅ¡ósßJø9$# ÇÊÌÍÈ   šúïÏ%©!$#ur #sŒÎ) (#qè=yèsù ºpt±Ås»sù ÷rr& (#þqßJn=sß öNæh|¡àÿRr& (#rãx.sŒ ©!$# (#rãxÿøótGó$$sù öNÎgÎ/qçRäÏ9 `tBur ãÏÿøótƒ šUqçR%!$# žwÎ) ª!$# öNs9ur (#rŽÅÇム4n?tã $tB (#qè=yèsù öNèdur šcqßJn=ôètƒ ÇÊÌÎÈ   y7Í´¯»s9'ré& Nèdät!#ty_ ×otÏÿøó¨B `ÏiB öNÎgÎn/§ ×M»¨Yy_ur ̍øgrB `ÏB $ygÏFøtrB ㍻pk÷XF{$# šúïÏ$Î#»yz $pkŽÏù 4 zN÷èÏRur ãô_r& tû,Î#ÏJ»yèø9$# ÇÊÌÏÈ  
(Wong mulya) yaiku wong kang padha blanjakake barang darbeke nalika kacukupan lan nalikane karupekan; lan tahan ngampet napsune, lan ngapura kaluputaning liyan. Allah remen marang wong kang tumindak becik. Yen lagi tumindak ala utawa nganiaya marang awake banjur enggal-enggal eling marang Allah tumuli padha nyuwun pangapura ing dosane (jalaran) ora ana kang bisa ngapura kajaba Allah piyambak. Lan ora padha nglestarekake olehe tumindak kaya wingi ing mangka dheweke padha mangerti dosane. Wong kang mangkono iku bakal diganjar pangapura lan suwarga kang ing ngisore ana kaline mili; ana ing kono bakal langgeng lan hiya iku sabecik-becike piwales tumrap wong kang padha ngamal (QS Ali Imran[3]: 134-136)
Akhiripun mangga kita laksanani ikhtiar duniawi kanthi maksimal lan tanpa kendhat anggen kita ndonga nyuwun dumateng Gusti Allah, mugi punapa kemawon ingkang kita lampahi tansah pinaringan hidayah lan pikantuk ridhanipun. Mangga kita nyuwijikaken panuwun, nyenyuwun dateng Zat kang Murbeng Dumadi. Langkung rumiyin kita ngleresaken anggen kita lenggah, nyucekaken manah kanthi memuji Allah ta’ala. Jalaran namung Gusti Allah zat ingkang Maha midhanget, maha mrisani, maha kuwaos, maha welas, maha asih, maha ngabulaken panyuwun kawulanipun, maha ngatur, maha ngupakara sedaya titahipun. Amin. Muhammad Nasirudin