Minggu, 05 Oktober 2014

Idul Adha 1435 nDaleman Gondosuli Muntilan

Ringkesan Khutbah Idul Adha: nDaleman-Gondosuli, Setu Legi, 10 Zulhijjah 1435 H/04 Sept 2014
Nuladhani Keluarga Nabi Ibrahim AS
Alhamdulillah menika dinten Idul Adha, 10 Zulhijjah 1435 H, sareng kaliyan ing Mekah. Takbir tahlil tahmid teras pun kumandhangaken. Midherek ajaran Islam, perayaan Idul Adha langkung agung tinimbang Idul Fitri. Menawi Idul Fitri namung 1 Syawal ingkang haram-siyam kangge ngrayakaken bakda, ananging ing Idul Adha ngantos 4 dinten: 10, 11, 12, lan 13 Zulhijjah. Tiyang Jawi mastani dinten punika kanthi bakda besar, bakda ageng. Temtu leres menawi kita agengaken dinten ingkang ageng punika kanthi ngradinaken syiar Islam ing dinten tasyrik kanthi nyembelih-mbagekaken kurban.
Wulan Zulhijjah dados wulan keluarga. Tokoh keluarga-inti lengkap: bapa, ibu, putra, Nabi Ibrahim AS, Dewi Hajar, lan Nabi Ismail AS. Mangga kita ginakaken fokus keluarga punika kangge ngiyataken keluarga-inti kita piyambak-piyambak. Awit sak punika goda-ancaman kawetahanipun keluarga tansaya ageng lan nggilani: putra diancam narkoba, bapa-ibu diancam HIV-AIDS-sedheng, remaja kagodha pindah agami, bapa-ibu kagodha korupsi, keluarga diancam broken home, lsp. Mboten wonten keluarga ingkang kalis-bebas saking ancaman wau sinaosa ketingal taksih wutuh, sugih, pinter, santri, lingkungan sae. Kathah conto ing kiwa-tengen, ing negari kita. Sebabipun saged jalaran ndhendheng-njarag lampah-salah utawi jalaran lena-bodho-kapusan. Temtu wekdal kepincut lampah mekaten nembe lena, pun kuwaosi Syetan, pas tebih saking ajaran-lurus agama Islam.
Midherek Islam sak jatosipun inti ajaran kita punika sederhana, iman lan gesang dados rohmat. Carane pripun? Rohmat punika migunani, munfangat. Artosipun, dados bapa rekadaya munfangati gesangipun, minimal kangge garwa, putra. Dados ibu munfangat gesangipun, minimal kangge garwa, putra, famili. Dados putra munfangati, minimal kangge ibu-bapa, sedherek lan rencang2ipun. Ugi ingkang dados petani munfangat gesangipun, minimal kangge taneman, sabin-tegalan, selepan. Dados bakul munfangat gesang minimal kangge langganan, dagangan, bakul sanesipun. Dados takmir munfangati, minimal kangge jamaah lan mesjidipun. Dados guru kangge murid, walimurid, sekolahan. Persasat dados punapa mawon gesangipun munfangat, minimal kangge lingkungan ingkang dados tanggel-jawabipun. Sampun ngantos gesang sewalikipun, dados masalah, maksiyat, niqmah, sanesipun rohmat.
Ukuran rahmat saged ugi pun ukur saking sepinten tiyang-lingkungan ingkang rumaos kecalan nalika sedanipun. Menawi ingkang kecalan namung garwa-putra, semanten ugi ukuranipun rohmat. Ananging menawi sak jamaah ingkang kecalan, sak dusun, sak kecamatan, sak Ngayojakarta, semanten ugi. Nabi kita Muhammad SAW sak donya. Rohmatan lil alamin (QS 21:107). Menawi gesang kok sewalikipun,  kebak maksiyat, jangankan tiyang rumaos kecalan ditilar seda, ikut berduka, mandar remen-seneng; malah nalika taksih sugeng pun ajeng-ajeng sedanipun. Nauzubillahi min zalik.
Nabi Ibrahim AS saestu tuladha bapa ingkang ageng tanggel-jawabipun kangge keluarga. Ananging taatipun dhateng Gusti Allah mboten cacat. Ngantos nalika pun uji dening Allah, pilih pundi wantawising asih dhateng putra lan ngestokaken dhawuh kabukti sukses. Laku-lampahipun saestu penuh keteladanan. Dewi Hajar inggih tuladha ibu ingkang peng-pengan anggenipun pados kabetahan lare ngantos kaping pitu mlajar Shafa-Marwa ananging pikantukipun toya mandar saking bumi, bekas tendhanganipun keng putra, Ismail. Taatipun dhateng Gusti ugi tanpa cacat. Nabi Ismail AS tuladha putra ingkang mbangun-miturut. Sak pas menawi dening Gusti Allah, tokoh sekeluarga teladan punika diabadikan dados manasik haji. Subhanallah. Didhawuhi punapa mawon namung sami’na wa atha’na, mboten ngenyang. Dhawuh ingkang mustahil tetep pun lampahi kanthi ikhlas saestu-estu, lan saged ugi nyolong pethek. Dimana ada keikhlasan di situ ada keajaiban. Donga Nabi Ibrahim wekdal semanten mustahil kalampah, sak punika Mekah kebak woh-wohan. Punapa mawon wonten lan ngembrah.
øŒÎ)ur tA$s% ÞO¿Ïdºtö/Î) Éb>u ö@yèô_$# #x»yd #µ$s#t/ $YZÏB#uä ø-ãö$#ur ¼ã&s#÷dr& z`ÏB ÏNºtyJ¨V9$# ô`tB z`tB#uä Nåk÷]ÏB «!$$Î/ ÏQöquø9$#ur ̍ÅzFy$# ( 
Lan elinga nalika Nabi Ibrahim nenuwun: “Duh Pangeran, mugi Paduka andadosaken Negari punika Negari ingkang aman tumata tentrem sarta mugi tansah paring sawernaning woh-wohan dateng warganipun sok sintena ingkang iman dhateng Allah lan dinten akhir.” (QS al-Baqarah [2]: 126).

Ing wasana, mangga kita laksanaaken ikhtiar duniawi kanthi maksimal lan tanpa kendhat anggen kita ndonga nyuwun dumateng Gusti Allah. Mugi punapa mawon ingkang pun lampahi tansah pinaringan hidayah lan pikantuk ridhanipun (mardhatillah). Pungkasan, mangga kita nyuwijikaken panuwun, nyenyuwun dateng Zat kang Murbeng Dumadi. Namung Gusti Allah ingkang kuawaos ngabulaken panyuwun kawulanipun, Amin ya rabbal alamin. (Muhammad Nasirudin, Kauman Muntilan).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar